Wong Cethil Telu


Ing negara Kupah ana wong cethil, krungu warta yen ing negara Balsora ana wong kang ngluwihi cethile. Wong Kupah mau nemoni wong Balsora. Bareng wis ketemu, celathune : "Kisanak, kula niki saweg jajal-jajal cethil, kula kepengin mang wulang rekane bisane cethil niku pripun?"
Wangsulane wong Balsora: "Enggih ta, prayogi. Engga, saniki padha teng pasar tetuku."
wong loro mau menyang pasar, njujug ing dhasare wong adol roti. Wong Balsora takon: "Samang napa adol roti sing eca?"
Wangsulane tukang roti: "Onten mawon, empuk kaya mertega."
Wong Balsora celathu marang kancane: "Lho, dhi, yen ngoten mertega luwih becik tinimbang roti, marga roti sing becik kok dipadhakake mertega, mulane saniki padha tuku mertega mawon."
Wong loro mau banjur menyang ing dhasare wong adol mertega. Wong Balsora takon: "Kang, ngriki napa onten mertega sing becik?"
Wangsulane: "Onten, eca tur bening kaya lenga selat."
Wong Balsora celathu: "Kisanak, samang mireng kiyambak. mertega sing becik dipadhakake lenga selat, yen ngoten lenga selat luwih becik tinimbang mertega, luwih enak lan luwih pangaji."
Wong loro mau banjur menyang dhasare wong adol lenga selat, takon; "Kang, napa samang adol lenga selat sing eca?"
wangsulane: "Enggih onten niki, bening kaya banyu."
Wong Balsora celathu marang kancane: "Lho, kisanak, samang krungu dhewe niku yen lenga kalah becik kalih banyu, tandhane lenga sing becik dipadhakake banyu. Engga padha mulih mawon, kula duwe banyu sagenthong, mangke sampeyan kula suguh."
Tekan omah dhayoh adoh saka Kupah mau sidane mung disuguh "anggur cap senggot."


Selasa 22 februari 2011
Materi Mata Kuliah Kemahiran Bahasa Jawa II
Disampaikan oleh Drs. Sujono, M. Hum

note : samang = sampeyan
senggot adalah sebutan untuk sumur kuno seperti gambar di atas itu.

Komentar